Sabtu, 31 Oktober 2015

Iwak Pitik (CERKAK)



“telu disuda siji dadi telu” tangane Tukijo uthil ngotak atik sodo sing didelehke meja, lambene komat-kamit koyo lagi moco rapal.
Pelajaran matematika kayadene pelajaran kang angel di mangerteni karo Tujiko. “Tuk, kowe ki lagi ngapa? Kok kawit mau tangane uthil lambene yo komat- kamit, ajar dadi dhukun pa kowe? Jarene mas Parlan sek senengane ngece si Tukijo.
 “Po mripatmu ki ra weruh mas? Aku iki lagi bingung sinau matematika, PR e cacahe 10 ket mau mek lagi tak garap siji”. Jawabe Tukijo rodo lemes, “nanging  aku yakin, nomer siji iki mesti bener..!!”. Jawabe Tukijo ngetokke semangat sing ma kentar-kentar, “kene delok  PR e” kakandane mas Parlan nyaut buku PR e Tukijo. “Astagfirullah Tuk..Tuk.. kandhamu nomer siji mesti bener? Duh Gusti...” kandhane mas Parlan sinambi ngelus dhadha. “Lha piye to mas?  Telu disuda siji ki padha karo telu to?” pitakone Tukijo.
 “Jane kowe menyang mruput-mruput neng sekolah ki ngopo to Tuk? Kok koyo raono gunane leh mu sekolah ki, ket jamane  gula durung legi, sek jenenge telu disuda siji ki yo jawabe loro! Dudu telu...!!!” jawabe mas Parlan gregeten. “Sek to mas, tak wacakke soale rungokno! Aku duwe permen 3 tak nehke kancaku 1 ono piro cacahe permenku saiki? Lha nek ngono yo bener to mas jawabe tetep 3...!” jawabe Tukijo semangat.
 “Duh Gusti... Tuk kowe sajakke iseh ra dong ! sek jenenge 3 disuda 1 ki padha karo 2..!!!” tangane mas Parlan sinambi pragakke omongane mau kambi ngampet emosi. “Hop mas,,,!!! Tak kandani, saiki di peragakke wae. Aku duwe permen 3 tak nehke kancaku 1, lha mas Parlan ki rak yo ngerti nek aku seneng permen to  mas? Lha dadi aku tuku permen siji meneh, dadi permenku yo iseh tetep 3” jawabe Tukijo. “Yo sak karepmu wae Tuk” mas Parlan sek ngrungokke penjelasanne Tukijo banjur meneng lan lungo.
****
“Mbok? Mengko arep maem opo yo?” pitakone mas Parlan sinambi lingguh nyeraki simbok. “Goreng iwak pitek wae le? Gelem apa ora? Nek gelem, kono adimu Tukijo dikon tuku iwak pitek neng pasar ?” jawabe simbok kambi nyeseti sada dinggo gawe sapu. “Nggeh mbok,” jawabe mas Parlan kambi metu seko pawon.
 “Tuk...Tuk...!!!” mas Parlan njelukke Tukijo, suarane nyether tenan. “Opo to mas? Bengak – bengok koyo neng alas wae, kupingku nganti ndengung iki !” jawabe Tukijo. “Simbok kon nukokke iwak pitik 1 kg neng pasar, nyoh dhuwite” akone mas Parlan sinambi wenehke dhuit Rp.60.000,00. “Jujule di balekake ya, ora go jajan !” anceme mas Parlan. “iyo...iyo...” jawabe Tukijo, banjur lungo neng pasar.
Tekan pasar Tukijo bingung kar o wekase mas e, “iwak,,, ??pitik,,,??” batine Tukijo bingung. Tukijo banjur tuku iwak lan pitike mau, dhuwite Rp.60.000,00 mau uwes ludhes.
Tekan ngomah Tukijo banjur marani mas Parlan, “nyoh mas iwak pitike?” kandhane Tukijo. Mas Parlan sek lagi sibuk moco koran ora ngematke apa blanjane Tukijo. “Susukke endi? “ takone mas Parlan iseh molak-malik kertas koran, “ora ono mas?” jawabe Tukijo. “Lha kok is.... Astagfirullah...!!! Tuk,,,Tuk,,,!!!” mas Parlan njengkelit seko kursi, kaget weruh blanjane Tukijo amargo  gowo iwak lan pitek sek iseh urep.
“Petokk,,,petttookkk,,,pettookkk” pitike ngokok arep ucul seko bandanane Tukijo. “Kowe ki dong opo ora! Aku mau akon tuku iwak pitik “ kandhane mas Parlan kambi ngelus dhadha nyabar-nyabarke atine. “Lha piye to mas?  Lhak yo bener to?mbok dinggo to logikamu ki ! iki jenenge apa?” takone Tukijo kambi nduduhke iwak, “iwak” jawabe mas Parlan. “Bener, lha sek iki jenenge apa? “ takone Tukijo maneh, “pitik?” jawabe mas Parlan bingung. “Lha nek digabung jenenge opo?”takone Tukijo semangat, “iwak,,, pitek,,,”   jawabe mas Parlan.
“Lha yo bener to ?! yowes berarti aku ora salah, nyoh... gek dimasak aku gelak ngelih” kandane Tukijo sinambi wenehake iwak lan pitik mau nenggone mas Parlan. Mas Parlan nampani kambi mlongo “iki sek radong ki sopo?” mas Parlan mbatin.
TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar